JINIS-JINIS LAYANG
JINIS-JINISING LAYANG
Layang minangka salah sawijining sarana komunikasi kang
saiki isih akeh dienggo. Kuwi jalaran ragad kang dienggo ngirimake luwih murah
tinimbang sarana komunikasi liyane.
A. Layang Ulem
1. Layang Ulem yaiku
layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem
nikahan, sepitan, utawa syukuran.
2. Bab kang perlu
digatekake nalika gawe layang ulem yaiku:
a. Apa acarane/
duwe gawe apa
b. Ing ngendi papane
c. Sapa asmane kang
diaturi
d. Kapan wektune (dina,
tanggal, lan jam)
e. Sapa asmane sing
ngaturi
f. Sapa asmane kang
melu ngaturi
3. Perangane layang ulem
kayata:
a. Titi
mangsa : nelakake wektu
pengawening layang
b. Adangiyah
: nelakake unggah-ungguh sing nggawe
layang/ salam pambuka
c. Isi (surasa
basa) : nelakake apa bae sing perlu dikabarake marang
sing dikirimi
d. Panutup (wasana
basa): nelakake panjurung kang gegandhengan karo isining layang
e. Peprenah
: nelakake peprenahe sing ngirim
layang
f. Asma
terang : nelakake
asmane sing kirim layang
g. Katerangan
: nelakake paraga kang melu ngarep-arep rawuhe
tamu
4. Tuladha
B. Layang Iber-iber
(layang Pribadi)
1. Layang iber-iber yaiku
layang kang isine aweh pawara, katrangan, pitutur lan pamrayoga, darbe panyuwun
sawijining bab pandonga lan sapanunggalane saka wong enom marang wong tuwa
utawa kosok baline.
2. Manawa arep nggawe
layang iber-iber saora-orane ngemot perangan kaya ing ngisot iki:
a. Satata
Basa : Alamat/ tujuane layang
b. Adangiyah
: salam pambuka
c. Pambuka
: nelakake kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep supaya sing
dikirimi uga slamet
d. Isi (surasa
basa) : nelakake apa bae kang perlu dikabarake marang sing
dikirimi
e. Panutup (wasana basa):
nelakake panjurung sing gegandhengan karo isining layang
f. Titimangsa
: nelakake kapan layang iku digawe
g. Peprenah
: nelakake prenahe sing kirim layang
h. Tapak asma :
tandha tangan sing kirim layang
i. Asma
terang : nelakake sapa sing kirim layang
3. Tuladha
C. Layang Lelayu
1. Layang lelayu yaiku
layang kang isine ngabarake kesripahan marang sanak sedulur. Biasane layang
lelayu iku kapacak ana ing layang-layang kabar kang abasa Jawa kayata: Mekar
Sari, Jaya Baya, Djaka Lodang, lsp.
2. Perangane layang
lelayu:
a. Purwaka
b. Kabar Lelayu
c. Wasana Basa
d. Pengirim
3. Tuladha
D. Layang Kitir
1. Layang Kitir yaiku
layang kang isine cekak tur aos. Kang ditulis ana ing layang kitir mung apa
kang perlune wae.
2. Tuladha
E. Layang paturan
Layang Paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang
ndheduwuran. Tuladhane pak lurah ngabari marang pak camat yen ing
desane lagi ana garong, padudon, utawa kobongan.
F. Layang Dhawuh
Layang dhawuh yaiku layang sing isine ndawuhi marang
andhahan. Tuladhane prentah marang andhahan kon nglakokake pegawean.
